Tuladha Crita Babagan Kearifan Lokal
Nyadran
Mbah Broto
Wulan
besar taun iki ora pada karo wulan besar taun-taun sadurunge. Yen wulan besar
biasane mung duwe gawe ngolahi daging
saka idul adha-an, naging wulan besar taun iki ing kaluwargaku ana acara
mantenan. Dudu saka kaluwargaku dewe, nanging acara mantenan iki saka
kaluwargane pakdheku. Pakdhe lagi mantu
anak lanange sing mbarep yaiku Mas Ganang. Acara iki kaselenggara ing griyane
simbah sing nduweni palataran amba kanggo masang terop.
Telung
dina sadurunge acara mantenan, omah e simbah wis kebak karo uwong-uwong sing
padha wira-wiri repot nyepakake ube rampe kanggo mantenan. Ana sing lagi gawe
kembar mayang, ana sing lagi ngudek jenang lan ana uga sing lagi masak ing
pawon. Ora ketinggalan, aku lan adhiku uga lagi repot ngadahi roti kacang ing
sajerone toples kanggo angsul-angsul para tamu sing mengko mbecek.
“Dhik rotine enak yo, senajan gawean dewe nanging ora
kalah karo roti tetukon”, celathukku.
“Iya mbak, roti gawenane ibu yo mesthi jos ta, Ibu kan
jago masak” jawab adhiku.
“Bubar ngene bakulan temenan mengko ibu dhik, hahaha…”
guyonku.
“Bisa, bisa, bisa diatur yen kuwi ae mbak hahahha…”
Dumadakan simbah sing ana ing pawon
bengok tanpa aba-aba.
“Woalah le.. le.. sampeyan kok ora ngomong karo aku yen
mantenane kurang telung dina, simbah lali yen saiki wayahe nyadran menyang mbah
Broto. Durung ana persiapan apa-apa, kepriye to sampeyan ki le”. Dhawuh simbah
menyang mas Ganang.
“Ngapunten mbah, kula nggih supe menawi sakniki wektune
nyadran dhateng mbah Broto. La pripun malih, punapa mboten usah nyadran mawon
menawi mboten cekap wektune?” jawab Mas Ganang.
“Lo yo ora bisa le, nyadran menyang mbah Broto iku wis
dadi tradisi lan syarate wong desa kene sadurunge rabi. Wis-wis saiki ayo padha
tandhang masak supaya mengko sore bisa nyadran!”
“Inggih mbah” jawabe para Ibu-ibu sing lagi rewang.
Aku lan adhiku sing mau kaget krungu simbah bengok dadi
bingung amarga celathuke simbah sing ngomongake sadran mbah Broto.
“Dhik, kowe ngerti apa sing diarani sadran menyang mbah
Broto? Tradisi apa lo kuwi dhik, kok aku baru krungu saiki?” takonku menyang
adhik.
“Aku yo ora ngerti lo mbak, mbah Broto iku sapa aku yo
ora ngerti, ibu yo durung tau crito marang adewe, kepriye yen mengko takok
simbah wae?”
“Iyo dhik, ayo cepet ndang dimarekake ngadahi rotine”,
jawabku karo nutup toples sing wis kebak roti.
Sawantara jam lima sore, omahe simbah wis akeh uwong
lanang jejer-jejer ing pawon padha arep usung-usung uba rampe kanggo nyadran.
Ana sambel goreng, ingkung pitik, kulupan, sego lan godhong lan Koran kanggo
buntel berkat. Uba rampe kuwi mau diusungi nganggo pikepe pakdheku digawa
menyang sadranane mbah Broto sing panggone ing ……….. Bubaran acara usung-usung
simbah sing lagi lungguh ing pawon dak cedhaki karo adhiku.
“Mbah, badhe tanglet, mbah Broto punika sinten to mbah,
kok kedah dipun sadran?” takonku
“Oalah nduk, Mbah Broto iku uwong sing biyen dhisik dewe
mbabat alas ing desa iki, uwong sing tuwa dewe ing desa iki, saengga kanggo
ngurmati leluhur ya kudu disadran” jawabe simbah
“Lo, menawi boten dikirim wonten punapa lo mbah?” takone
adhiku
“Miturute warga kene, yen arep ana acara-acara gedhe kudu
nyadran dhisik menyang mbah Broto supaya diwenehi keslametan lan kalancaran
acara kuwi, biyen ana crita yen ana uwong sing arep mantu nanging ora nyadran
dhisik ing mbah Broto, acara mantune dadi mobat-mabit amarga kaluwarga mantene
ditekani lara, mula bubar kuwi wong desa kene pada nyadran menyang mbah Broto
sadurunge gawe acara-acara”.
“Oalah, ngaten ta mbah, kula tasih sumerep
sakniki”jawabku
“Bocah saiki ya ngertine mung dolanan, ora ngerti babakan
ngono kuwi. Tak omongi ya nduk, nyadran menyang mbah Broto kuwi ora oleh
sembrana, ana cara-carane. Uba rampe masakan sing digawa menyang sadaranan mau
dimasak karo uwong sing suci, utawa uwong sing ora lagi tanggal abang, masakane
ya ora oleh diicipi karo sing masak, kudu wutuh lan ora oleh kelong”
“menawi kelong wonten punapa lo mbah?”
“ya ora oleh kelong, syarate kudu tetep wutuh, kudu utama
lan suci”
“tiyang mriki ngurmati mbah Broto sanget nggih mbah?”
“ya, merga wis kepercayaan mau nduk, dadi ya malih pada
ngurmati”
“oh.., nggih mbah,”jawab adhiku.
Sakwise pacelathonku karo simbah aku dadi ngerti sapa lan
kena apa wong desa kene kudu nyadran menyang mbah Broto sadurunge ana acara.
Nanging sejatine ana ra anane kedadean kuwi mau tergantung karo kepercayaane
dewe-dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar